Study

PUCUNG LAN BATHANGANE

  •   0%
  •  0     0     0

  • burnas kopen
    bubur panas kokopen
  • Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung, Ngambah jumantara, Kaya manuk rajawali, Wira-wiri nggawa barang lan manungsa
    montor mabur
  • Bapak pucung isih enom klambi gadhung, Yen wis rada tuwa, Si pucung klambine kuning, Tuwa pisan si pucung klambine abang
    mlinjo
  • Bapak pucung putrane bapa lan biyung, Nanging dudu kakang, Dudu mbakyu dudu adhi ,lan batangen bapak pucung iku sapa
    aku dhewe
  • • Pitik walik saba meja
    sulak
  • Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Sing disaba si pucung mung turut kutha
    sepur
  • Bapak pucung buntut dawa sirah gembung, Mbanterake swara, Lamun urip nganggo listrik, Munggah panggung saben ana adicara,
    MIC
  • • Bocah cilik nggendong omah
    bekicot
  • • Duwe rambut ora duwe endhas
    jagung
  • • Pitik walik saba kebon
    nanas
  • Bapak pucung cangkemu madhep mendhuwur, Sabamu ing sendhang, Pencokanmu lambung kering, Prapteng wisma si pucung mutah kuwaya
    klenthing
  • • Wujude kaya kebo, ulese kaya kebo, lakune kaya kebo, nanging dudu kebo,
    gudel
  • Ngarep ireng, mburi ireng seng tengah methentheng
    wong mikul areng
  • Bapak pucung dudu watu dudu gunung, Sabamu ing alas, Ngon-ingone sang bupati, Prapteng marga si pucung lembeyan grana
    gajah
  • Bapak pucung bunder-bunder saka pohung, Isi gula jawa ,Dipangan sajak mirasa, Mung ing Jawa panganan iki kang ana
    jemblem
  • Pak bomba, pak lawa, pak piyu
    tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak pitik ciyut
  • • Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh
    geni
  • • Tibane ngisor digoleki ndhuwur
    gentheng bocor.
  • • Sega sekepel dirubung tinggi
    salak
  • Bapak pucung rupane amemba gunung, Tan ana kang tresna, Kabeh uwong mesthi sengit, Kang kanggonan den lus-elus tinangisan
    udun
  • Bapak pucung amung sirah lawan gembung, Padha kinunjara, Mati sajroning ngaurip, Mijil baka si pucung dadi dahana
    penthol korek
  • Bapak pucung mlungker mlungker dudu kalung, Manggonmu ing tangan, Jarum mlaku rina wengi, Ngembrug wektu si pucung kagungan guna
    jam tangan
  • Bapak pucung sasedulur ana pitu, Tan ana kang padha, Mati enem urip siji, Dulur pitu tan nate urip barengan
    dina
  • • Dikethok malah tambah dhuwur
    celana