Study

PARIWARA

  •   0%
  •  0     0     0

  • Apa sing diarani pariwara kuwi?
    wara-wara kang isine nawakake barang-barang arupa prodhuk utawa jasa.
  • Apa sing diarani pariwara komersil
    pariwara sing digunakake kango nawakke sawijining barang utawa prodhuk
  • Apa wae struktur sing ana ing pariwara?
    Orientasi, badan iklan, justifikasi
  • Apa sing diarani poster?
    wara-wara kang isine kanggo ngajak masyarakat umum supaya melu nindakake sawjining bab
  • Sebutna ancas saka pariwara!
    Menehi informasi, nggawe wong kepincut marang sawijining prodhuk, ngelingke masyarakat marang sawijining bab, menehi nilai tambah
  • Kena ngapa tulisan lan gambar digawe cetha ing sajrone pariwara?
    supaya informasi bisa nyampek marang pamaca utawa masyarakat
  • Apa wae kang kudu digatekake nalika nulis pariwara?
    Gambar mencolok, tulisan cetha, tetembungane efektif, sugestif lan gampang dieling, dideleh ing panggon sing strategis
  • Tetembungan sing ana ing sajrone pariwara kudu kepiye?
    efektif, sugestif, lan gampang dieling
  • Apa wae jinise pariwara?
    pariwara komersil lan pariwara sosial
  • pariwara sing digunakake kanggo narik kawigaten supaya nindakake sawijining bab yaiku
    pariwara sosial utawa pariwara layanan masyarakat