Edit Game
PUCUNG LAN BATHANGANE
 Delete

Use commas to add multiple tags

 Private  Unlisted  Public



 Save

Delimiter between question and answer:

Tips:

  • No column headers.
  • Each line maps to a question.
  • If the delimiter is used in a question, the question should be surrounded by double quotes: "My, question","My, answer"
  • The first answer in the multiple choice question must be the correct answer.






 Save   24  Close
Pak bomba, pak lawa, pak piyu
tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak pitik ciyut
burnas kopen
bubur panas kokopen
• Wujude kaya kebo, ulese kaya kebo, lakune kaya kebo, nanging dudu kebo,
gudel
• Pitik walik saba kebon
nanas
• Dikethok malah tambah dhuwur
celana
• Duwe rambut ora duwe endhas
jagung
• Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh
geni
• Tibane ngisor digoleki ndhuwur
gentheng bocor.
• Bocah cilik nggendong omah
bekicot
• Pitik walik saba meja
sulak
• Sega sekepel dirubung tinggi
salak
Ngarep ireng, mburi ireng seng tengah methentheng
wong mikul areng
Bapak pucung putrane bapa lan biyung, Nanging dudu kakang, Dudu mbakyu dudu adhi ,lan batangen bapak pucung iku sapa
aku dhewe
Bapak pucung sasedulur ana pitu, Tan ana kang padha, Mati enem urip siji, Dulur pitu tan nate urip barengan
dina
Bapak pucung rupane amemba gunung, Tan ana kang tresna, Kabeh uwong mesthi sengit, Kang kanggonan den lus-elus tinangisan
udun
Bapak pucung bunder-bunder saka pohung, Isi gula jawa ,Dipangan sajak mirasa, Mung ing Jawa panganan iki kang ana
jemblem
Bapak pucung cangkemu madhep mendhuwur, Sabamu ing sendhang, Pencokanmu lambung kering, Prapteng wisma si pucung mutah kuwaya
klenthing
Bapak pucung dudu watu dudu gunung, Sabamu ing alas, Ngon-ingone sang bupati, Prapteng marga si pucung lembeyan grana
gajah
Bapak pucung amung sirah lawan gembung, Padha kinunjara, Mati sajroning ngaurip, Mijil baka si pucung dadi dahana
penthol korek
Bapak pucung isih enom klambi gadhung, Yen wis rada tuwa, Si pucung klambine kuning, Tuwa pisan si pucung klambine abang
mlinjo
Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung, Ngambah jumantara, Kaya manuk rajawali, Wira-wiri nggawa barang lan manungsa
montor mabur
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Sing disaba si pucung mung turut kutha
sepur
Bapak pucung mlungker mlungker dudu kalung, Manggonmu ing tangan, Jarum mlaku rina wengi, Ngembrug wektu si pucung kagungan guna
jam tangan
Bapak pucung buntut dawa sirah gembung, Mbanterake swara, Lamun urip nganggo listrik, Munggah panggung saben ana adicara,
MIC